PAMELING
.
Lumantar bayu bebuyuting ndalu
Awak rumeksa sayah
Gone nglampahi serat kuripan
Ingkang dipundhalangi hyang widhi
Kanyata nggreges sakjroning manah
Anggigil njaluk dikekepi
Ya ben adem tentrem lan mboten nyupeni
Anggene digadhahi werna-warni
Pangekep panyumpel raos ingkang kurang pangucap sukur
Anggit babagan donya, dangu babagan sijine
Nuli njangkepake kasekten babagan lorone
Tansah abot dirasa
Ananging entheng dilampahi
Titikane yaiku sikap lan perilakune
Bisa angrumangsani ing sapadhane
Akhire sing nggenggem bakal udar
Yen pancen wis wayahe
Ilat mboten saged ngucap, awak mboten saged gerak
.
.
.
AG
Karanggayam, 7 November 2017
07.51 a.m