Nek koe takon aring aku,
Koe pasti ngerti nek omonganku isa digugu!
Ujarku koe ya wis mati,
Jebule koe tesih ana bae neng ati.
Terus kapan koe rep pindah mba?
Nek jebul-jebulane kur ana wong liya!
Ya tek dongakna moga-moga koe uripe kepenakan,
Bisa rabi karo wong sing mapan.
Aku kur bisa pasrah karo melu bungah.
Tapi rungokna aku mba koe bakal kepikiran!
Ngesuk nek aku lara sapa sing nyanyi "ditinggal rabi" pas kondangan?
Aku kur njaluk kowe sadar mba, sadar aring kahanan.
Aja sitik-sitik nyletuk njaluk rabi!
Sitik-sitik isane ngeluh karo mrebes mili!
Aku ya kepengin urip mulya karo koe.
Aku ora pengin koe karo liyane.
Sabar ya mba, ngesuk tek lunga kerja.
"Aku ra bisa rabi saiki... ."
Di toilet, 2 Juli 2019.
7.07pm, si bocil Sam.
0 Komentar